Selasa, 23 Mei 2017

CERKAK " CERITA CEKAK"

Asem Kecut Tenan,
Dening : Narko "Sodrun" Budiman

Asem kecut, gula legi. Kabeh pawongan ngerti rasa ngono kuwi. Nanging ternbung asem kecut, sing jane pancen kecut tenan kuwi, taknggo ngganti tembung sing aku ora tau ngucapake. Yen ta Mas Aming Mojokerto sing sabane Taman Budaya Jatim kae asring muni cak-cuk, kuwi wis biyasa. Upama Mas Suryadi WS bos villa ing Trucuk-Klatenkae biyasane muni subhanallah, utawa Pak Wig Talun kae muni diampit, uga wis biyasa. Nanging aku ora kulina muni ngona-ngono kuwi. Pisuhku ya: “asem kecut”

Lire, nggonku muni asem kecut kuwi kabeh ora bisa nyrekal. Yen gula pancen legi rasane. Uga ora ana sing ngeyel. Nyapa aku kok kudu misuh ngono kuwi? Upama njenengan kuwi dadi aku, takkira ya bakal rnisuh-misuh. Embuh nggae pisuhane Mas Aming, unine Mas Suryadi, apa tembunge Pak Wig Talun.


Limang sasian kepungkur aku sinengkake ngaluhur jejer kepala bagian ing kantorku. Mbawahi pirang-pirang kepala seksi. Sejatine aku biyen uga salah sijine kepala seksi ing bagian iki, njur krana faktor jimat “Mbah Bejo” aku duwe eselon. Jane nitik prestasi kerjaku sasuwene kur-kuran taun ngabdi negara tanpa cacat iki, mesthine faktor layak tur pantes uga dadi bahan lelimbangan. Ra apa-apa lek dibedhek aku ada main sogok sana-sini. Sing baku saiki aku cekel panguwasa kepala bagian thik mbawahi staf. Jabatan sing tansah dadi rebutan Ian idham-idhaman para staf sing pengin pangkat, drajat Ian semat. Mula iya kudu taktandangi kanthi niyat tulus ikhlas memayu hayuning bangsa Ian negara. Ngono. Tenan iki. Sumpah! Aja nyebek sik, ketara elek Iho. Asem kecut tenan lek kokcebeki.


Sing jeneng hobi aliyas kesenengan tanpa wates marang kesenian kuwi kawit biyen taklakoni. Seni tayub, jaranan,nembang, reyog, Ian krawitan. Kesenian sing wis mbalung sungsum jroning jiwa ragaku kuwi saiki pranyata muncul maneh. Kamangka ora slaras karo penggaweyan dhinesku saben dina. Ngopeni grup jaranan Ian reyog kendhang neng lingkunganku wis ket biyen. Krawitan ya mung kala-kala wae latihan. Maklum, taun wolung puluh biyen aku tau kuliyah neng STKW sakelas karo Pak Jarianto Ian Mas Katno. Lelorone saiki dadi pejabat provinsi. Ra sombong. Kampuse nalika kuwi jik ana kompleke STM Pembangunan, cedhake RS Dr Sutomo. Hla pondhokanku ana Kedungtarukan Baru. Jik akeh rawane. Ra kaya saiki wis akeh omah mewah Ian bangunan liyane.


Saiki yen nayub ya wis rada duwe isin. Njoged awor tledhek ayu-ayu Ian semog ngono kuwi mung bisa muni asem kecut tenan. Ngepasi nekani undangan utawa becekan wae aku njoged tayub. Aku wis ora wani ngombe bir nganti mendem apa maneh nganti teler. Akhire ndlosor neng ngisor kemben jarite tledhek kaya biyen. Hehe. .asem kecut tenan yen kokguyu.


Yen nembang, saiki tembangku wis dudu tembang macapat bangsane Kinanthi Ian Dhandhanggula. Dudu Bapak Pucung cangkemmu madhep mendhuwur maneh. Asem kecut tenan, njenengan aja misuhi aku lho? Yen wis dadi pejabat kuwi kudu bisa menyanyi dudu menembang. Hehehee.. asem kecut, bedane apa ta? Menyanyi kuwi ya bangsane lagu-lagu pop, rock, jazz tekan jaranan dhangdut. Ra apa-apa. Pancen kudu ngono. Awit yen nekani undangan kanca-kanca kantor ajeg dijaluki sumbangan suwara emase. Nyanyi. Ngisin-isini tenan yen nulak kanthi pawadan durung isa utawa ora apal syaire. Salah sijine srana ya latihan. Gladhen nembang karaoke. Bisa neng omah apa neng papan cafe, resto end karaoke.


“Takkancani, Mas,” semantane nyonyahku nalika takcritani lek mlebu cafe & karaoke aku isih durung tatag.


“Tenan ta, Dhik? Sanuke sliramu malah wis tau mrana?” panyendhuku ngiras ngetes.


“Walah kok njur ngono Iho? Upama rana ya mesthi karo njenengan ta, Mas.”

“Ya wis, ning apike aja mung wong loro. Ngajak kanca-kanca plek Iiyane wae, Dhik.”


“Setuju, Mas. Kabeh sekalihan. Mas Sam, Mas Naryo, Mas Parlan karo... sapa neh, Mas?” panantange nyonyahku sajak sumangat banget.

“Wis kuwi ae! Lek akeh-akeh gilirane nyanyi kesuwen,” kandhaku nicil ayem bakal akeh sing ngancani.

“Ayo kapan? Malem Minggu iki? Jam pira?” pangoyakku.

“Sik ta, sareh, Mas. Ora ya ngontak kanca-kanca mau, kersa apa ora?”


Asem kecut, nyonyahku pikirane Iantip tenan. Ora grusa-grusu. Bareng kanca-kanca Ian sok-sok ya mung karo Larasati, nyonyahku, meh kabeh papan karaoke takparani. Barata, Venus, Star, Quen, Jepun View, Lilur, Yes, Blue House, Greendly, Istana, Brangtayudha, Victory Ian Ilyane. Cafe and resto sing ana papan karaoke ajeg taknggo latihan. Eh, saiki wis ora latihan maneh. Malih dadi ajang ngembangke bakat. Ya bakat nyanyi ya bakat kemlinthi. Ya bakat nggaya Ian bakat sumugih. Pokoke pola uripku owah dadi kaum jetset Ian borjuis tenan. Karaoke wis dudu kepentingan nanging kebutuhan.


Wis ana puluhan lagu sing takkuwasani. Wiwit pop, campursari, jazz, regge, RB nganti dhangdhut. Asem kecut tenan. Ra ngira jebul aku isih duwe talenta dadi diva. Aku wis ora perlu dikancani sapa-sapa wis wani budhal ijen. Ora butuh kanca, apa maneh bojo. Jujur ae, aku wis pinter ngapusi bojoku. Kanthi pawadan rapat Ian kerja lembur utawa karaoke bareng kanca-kanca, Larasati ora tau ngurus neka-neka. Syarate mung siji, ubarampe utawa sajene kudu ganep. Gaji bruk methuthuk takpasrahne Laras. Kartu ATM Ian kode PIN ya wis takwenehne pisan.


“Peeeh... jian ra umum tenan, Dhik. Aku ngko nglembur nganti meh Magrib ndadak wis diaba lek bakda Isyak diajak rapat staf,” sambatku nyang Laras.


“Mas, eling. Kabeh mau krasa entheng yen ditandangi,” pangarih-arihe Laras kebak asih.


“Kok kaya sesuk ra ana dina,” kandhaku maneh. “Bagiyane anak-bojo trus apa lek awak dipadhakne mesin ngene iki?”


“Wis ta, Mas, diambil hikmahe wae. Lha kanggo ngopeni anak-bojo iya gaji kerjamu kuwi kok.”


Peeehh, jian asem kecut tenan, nyonyahku iki. Ora mbala aku ning malah mblesegne. “Kok sliramu malah ngujuk-ujuki ngono kuwi ta, Dhik?” isih gayaku sing jane asem kecut nggula legi iki.


“Kok kaya ra nate kerja lembur ae Iho, njenengan ki? Wis ta dilakoni wae. Ana wayahe kerja kliwat, ana kalane kudu refreshing. Suk emben lek wis dina Setu ta, Mas, gek malem Minggu nyang karaoken lek wis fresh.”


Asem kecut tenan! Iki ngedhem-dhem apa nyemoni. Apa Laras ngerti ya lek mengko bengi aku wis janjian karo Mas Jon arep karaoke neng Brangtayudha? Kaya biyasane mung Mas Jon iki sing ngancani aku karaoke kanthi sreg. Apa merga wis stel stereo apa pancen pinter njaga kertu rahasia masing-masing? Dadi seiya-sekata.


Sidane aku wis ana njero lawang karaoke Brangtayudha. Kawitane saruang dienggo karo Mas Jon. Suwe-suwe mbuh sapa sing ngakon ndadak cewek loro sing akhire takruhi jenenge Erna Ian Citra, purel Brangtayudha, mlebu sawise nothog lawang. Cewek sik remaja pantese yen mahasiswi semester 8. Asem kecut tenan, bocah kok lek manis kaya ngono. Sijine rambute sapundhak, klecam-klecem sajak piye nyawang aku. Gula legi tenan yen sijine iki. Ayune dipek dhewe! Yen ngguyu dhekik pipine.


Asem kecut tenan, Mas Jon terus nggandheng lengene Citra. “Mas, njenengan na kene ae karo Ema. Aku na ruwang sebelah,” semantane sajak masrahne Erna ana ruwanganku.


Aku mung nyauri “Ya” ngono wae. iki krana kena daya pangasihane Erna, sing kaya duwe daya sirep bisa nyeret naluri Ianangku tumuju kekarepane. Erna sing duwe daya sihir kasil nyirep akal pikirku supaya ambruk ing pangkone. Asem kecut tenan! Ganda parfume alon-alon ndayani pamikirku supaya katut iline banyu kayungyun kalamun datan tinemu rasa keduwung.


Ora rinasa anggonku nyanyi bareng Erna ngancik tekan urutan lagu kaping 11, saka 4 album. Embuh saiki jam pira, Ian piye kahanane ruwanganku sing lampune surem-surem diwangkara kingkin iki bisa ngajak aku Ian Erna linak-lijo, Ian anak lali bojo. Ora ana kedadeyan sing porno. Sumpahi!Asem kecut tenan, Erna jebul ora wani sembranan. Apa ngerti yen aku pejabat? Ing ruwangan karaoke iki ora ana pejabat, angel mbedakne karo penjahat. Sing ketara mung semat aliyas dhuwit.


Thoog...thog... !!

Thoogg...thogg...Thoogg!!


“Permisi... antar pesenan. . .“ suwarane cewek saka njaba Iawang ing antarane instrumen lagu-lagu regge sing taksetel wektu iki. Lagune John Marley “Klejingan Asyik, Klejingan.”


Tanpa mikir maneh, karepku mbukakne lawang. Aku ngadeg saka kursi mendut-mendut. Durung nganti jumangkah wis dipenggak Erna.


“Kula mawon ingkang mbikak, Mas,” swarane Erna sinambi mbalang liring nyang aku. Asem kecut tenan, iki gula legi. Kumudu-kudu takremus ae cewek ayu iki!

“Permisi, kula tumut nggabung nyanyi pareng nggih mbak?” kandhane wanita sing ora takpanglingi. Suwarane Larasati, nyonyahku. Ing mburine ana Mbak Yuni Ian Bu Narti. Kabeh kanca kantorku.

Asem kecut tenan! Sumlengeren tenan aku! Aku mung bisa ambruk, angIuh, Iungguh maneh ing kursiku sakawit. Klemun-klemun sirahku. Kumonang panyawangku ambyar. Lambekku kaya digembok patang puluh cacahe. Meneng, mingkem, cep klakep kaya jangkrik diplithis rodha sepur! Asem kecuuut!!

“Tenang kemawon Bapak, kula namung nunut nyanyi lagu niki kok,” kandhane Laras sajak kaya ora ngenali maneh aku iki bojone. “Mari Mbak, lagu rege asyik. Duet yoookk..!!” Larasati sajak kepenak tanpa beban apa-apa duet karo Erna. Erna iya katon enjoy wae. Asem kecut tenan!

“Sampun, Bapak, sampun. Kula wonten ruwang sebelah kemawon, Bapak. Maturnuwun, njenengan lajengaken seneng-seneng berdua, Bapak,” kandhane Larasati ngulungne mik terus nyalami aku Ian Erna. Asem kecut tenan!

Aku isih kamitenggengen nalika Larasati nutup lawang ruwanganku karaoke sareh banget. Aku yakin neng njaba ruwangan iki Larasati kanthi pangigit-igit nyekel gandhen apa palu alugara nggo ngepruk sirahku apa dheplokan lombok abang saklemper nggo ngrawus raiku??? Mbuh, asem kecut’ (Cuthel)

Sumber : http://kumpulan-cerkak.blogspot.co.id/2016/11/cerkak-bahasa-jawa-asem-kecut-tenan.html

KAWRUH GAMELAN LAN UYON-UYON


KAWRUH BUDAYA GAMELAN KARAWITAN


Gamelan miturut Baoesastra Djawa W.J.S Poerwadarminta inggih punika arane tetabuhan kang rericikane akeh banget (saron, bonang, gender lsp). Bahan sing biasane dianggo nggawe gamelan arupa Perunggu utawa gangsa (campuran tembaga lan timahsari), Kuningan saha Barut (wesi lan plat).
Bedhanipun gamelan katilik saking dhaerahipun:
·       Gamelan Sunda : musike mendayu-dayu lan didominasi swara suling
·       Gamelan Jawa : umume nada luwih lembut lan tempo luwih alon
·       Gamelan Bali : tempone luwih cepet

Wujudipun Gamelan :
1.     Wujud Tebokan : Bedhug, Kendhang (Kendhang Gendhing; Ketipung; Batangan/ciblon; Sabet), Ketipung, Tambur.
 Cara nabuh : Dithuthuk (Bedhug, Tambur) dikebuk/keplak/tabok (kendhang)
   
 


 


 

       
2.     Wujud Wilahan : Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking.
Cara nabuh : Dithuthuk
 

 


 



3.     Wujud Wilahan Pencon : Slentho, Gog Kemodong, Kecer.
Cara nabuh : Dithuthuk
 

   

4.     Wujud Pencon : Bonang (Bonang Panembung, Barung, Panerus), Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong (Gong Ageng, suwukan.
Cara nabuh : di thuthuk, jagur
 


 

 

   
   
5.     Wujud Kawatan : Rebab, Siter, Clempung.
Cara nabuh : Digesek (Siter) lan Dipethik/cuwik (Clempung)

 

  

6.     Wujud Pipa : Suling
Cara ngunakake : disebul

7.     Kemanak , perangkat gamelan kang wujude memper gendhang.
Biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan


Tabuhing Gamelan

Ginanipun Gamelan :
a)     Ginanipun Gamelan katitik saking mulabukaning turuning agama Islam ing tanah Jawa : wonten ing adicara Sekaten
b)     Ginanipun gamelan katitik donyaning hiburan : kangge ngiringi kethoprak, wayang, uyon-uyon , lsp
c)     Kawontenan gamelan  ing jaman samenika : ngiringi tarian tradhisional, uga gamelan dikolaborasi kaliyan alat musik modern


UYON-UYON

Tuladhanipun Uyon-uyon :

Lelagon Pangatag



Sumber : KAWURYAN KANGGE KELAS XI SMA/MA/SMK