Asem Kecut Tenan,
Dening : Narko "Sodrun" Budiman
Asem kecut, gula
legi. Kabeh pawongan ngerti rasa ngono kuwi. Nanging ternbung asem kecut, sing
jane pancen kecut tenan kuwi, taknggo ngganti tembung sing aku ora tau
ngucapake. Yen ta Mas Aming Mojokerto sing sabane Taman Budaya Jatim kae asring
muni cak-cuk, kuwi wis biyasa. Upama Mas Suryadi WS bos villa ing
Trucuk-Klatenkae biyasane muni subhanallah, utawa Pak Wig Talun kae muni
diampit, uga wis biyasa. Nanging aku ora kulina muni ngona-ngono kuwi. Pisuhku
ya: “asem kecut”
Lire, nggonku muni asem kecut kuwi kabeh ora
bisa nyrekal. Yen gula pancen legi rasane. Uga ora ana sing ngeyel. Nyapa aku
kok kudu misuh ngono kuwi? Upama njenengan kuwi dadi aku, takkira ya bakal
rnisuh-misuh. Embuh nggae pisuhane Mas Aming, unine Mas Suryadi, apa tembunge
Pak Wig Talun.
Limang sasian kepungkur aku sinengkake ngaluhur
jejer kepala bagian ing kantorku. Mbawahi pirang-pirang kepala seksi. Sejatine
aku biyen uga salah sijine kepala seksi ing bagian iki, njur krana faktor jimat
“Mbah Bejo” aku duwe eselon. Jane nitik prestasi kerjaku sasuwene kur-kuran
taun ngabdi negara tanpa cacat iki, mesthine faktor layak tur pantes uga dadi
bahan lelimbangan. Ra apa-apa lek dibedhek aku ada main sogok sana-sini. Sing
baku saiki aku cekel panguwasa kepala bagian thik mbawahi staf. Jabatan sing
tansah dadi rebutan Ian idham-idhaman para staf sing pengin pangkat, drajat Ian
semat. Mula iya kudu taktandangi kanthi niyat tulus ikhlas memayu hayuning
bangsa Ian negara. Ngono. Tenan iki. Sumpah! Aja nyebek sik, ketara elek Iho.
Asem kecut tenan lek kokcebeki.
Sing jeneng hobi aliyas kesenengan tanpa wates
marang kesenian kuwi kawit biyen taklakoni. Seni tayub, jaranan,nembang, reyog,
Ian krawitan. Kesenian sing wis mbalung sungsum jroning jiwa ragaku kuwi saiki
pranyata muncul maneh. Kamangka ora slaras karo penggaweyan dhinesku saben
dina. Ngopeni grup jaranan Ian reyog kendhang neng lingkunganku wis ket biyen.
Krawitan ya mung kala-kala wae latihan. Maklum, taun wolung puluh biyen aku tau
kuliyah neng STKW sakelas karo Pak Jarianto Ian Mas Katno. Lelorone saiki dadi
pejabat provinsi. Ra sombong. Kampuse nalika kuwi jik ana kompleke STM Pembangunan,
cedhake RS Dr Sutomo. Hla pondhokanku ana Kedungtarukan Baru. Jik akeh rawane.
Ra kaya saiki wis akeh omah mewah Ian bangunan liyane.
Saiki yen nayub ya wis rada duwe isin. Njoged
awor tledhek ayu-ayu Ian semog ngono kuwi mung bisa muni asem kecut tenan.
Ngepasi nekani undangan utawa becekan wae aku njoged tayub. Aku wis ora wani
ngombe bir nganti mendem apa maneh nganti teler. Akhire ndlosor neng ngisor
kemben jarite tledhek kaya biyen. Hehe. .asem kecut tenan yen kokguyu.
Yen nembang, saiki tembangku wis dudu tembang
macapat bangsane Kinanthi Ian Dhandhanggula. Dudu Bapak Pucung cangkemmu madhep
mendhuwur maneh. Asem kecut tenan, njenengan aja misuhi aku lho? Yen wis dadi
pejabat kuwi kudu bisa menyanyi dudu menembang. Hehehee.. asem kecut, bedane
apa ta? Menyanyi kuwi ya bangsane lagu-lagu pop, rock, jazz tekan jaranan
dhangdut. Ra apa-apa. Pancen kudu ngono. Awit yen nekani undangan kanca-kanca
kantor ajeg dijaluki sumbangan suwara emase. Nyanyi. Ngisin-isini tenan yen nulak
kanthi pawadan durung isa utawa ora apal syaire. Salah sijine srana ya latihan.
Gladhen nembang karaoke. Bisa neng omah apa neng papan cafe, resto end karaoke.
“Takkancani, Mas,” semantane nyonyahku nalika
takcritani lek mlebu cafe & karaoke aku isih durung tatag.
“Tenan ta, Dhik? Sanuke sliramu malah wis tau
mrana?” panyendhuku ngiras ngetes.
“Walah kok njur ngono Iho? Upama rana ya mesthi
karo njenengan ta, Mas.”
“Ya wis, ning apike aja mung wong loro. Ngajak
kanca-kanca plek Iiyane wae, Dhik.”
“Setuju, Mas. Kabeh sekalihan. Mas Sam, Mas
Naryo, Mas Parlan karo... sapa neh, Mas?” panantange nyonyahku sajak sumangat
banget.
“Wis kuwi ae! Lek akeh-akeh gilirane nyanyi
kesuwen,” kandhaku nicil ayem bakal akeh sing ngancani.
“Ayo kapan? Malem Minggu iki? Jam pira?” pangoyakku.
“Ayo kapan? Malem Minggu iki? Jam pira?” pangoyakku.
“Sik ta, sareh, Mas. Ora ya ngontak kanca-kanca
mau, kersa apa ora?”
Asem kecut, nyonyahku pikirane Iantip tenan. Ora
grusa-grusu. Bareng kanca-kanca Ian sok-sok ya mung karo Larasati, nyonyahku,
meh kabeh papan karaoke takparani. Barata, Venus, Star, Quen, Jepun View,
Lilur, Yes, Blue House, Greendly, Istana, Brangtayudha, Victory Ian Ilyane.
Cafe and resto sing ana papan karaoke ajeg taknggo latihan. Eh, saiki wis ora
latihan maneh. Malih dadi ajang ngembangke bakat. Ya bakat nyanyi ya bakat
kemlinthi. Ya bakat nggaya Ian bakat sumugih. Pokoke pola uripku owah dadi kaum
jetset Ian borjuis tenan. Karaoke wis dudu kepentingan nanging kebutuhan.
Wis ana puluhan lagu sing takkuwasani. Wiwit
pop, campursari, jazz, regge, RB nganti dhangdhut. Asem kecut tenan. Ra ngira
jebul aku isih duwe talenta dadi diva. Aku wis ora perlu dikancani sapa-sapa
wis wani budhal ijen. Ora butuh kanca, apa maneh bojo. Jujur ae, aku wis pinter
ngapusi bojoku. Kanthi pawadan rapat Ian kerja lembur utawa karaoke bareng
kanca-kanca, Larasati ora tau ngurus neka-neka. Syarate mung siji, ubarampe
utawa sajene kudu ganep. Gaji bruk methuthuk takpasrahne Laras. Kartu ATM Ian
kode PIN ya wis takwenehne pisan.
“Peeeh... jian ra umum tenan, Dhik. Aku ngko
nglembur nganti meh Magrib ndadak wis diaba lek bakda Isyak diajak rapat staf,”
sambatku nyang Laras.
“Mas, eling. Kabeh mau krasa entheng yen
ditandangi,” pangarih-arihe Laras kebak asih.
“Kok kaya sesuk ra ana dina,” kandhaku maneh.
“Bagiyane anak-bojo trus apa lek awak dipadhakne mesin ngene iki?”
“Wis ta, Mas, diambil hikmahe wae. Lha kanggo
ngopeni anak-bojo iya gaji kerjamu kuwi kok.”
Peeehh, jian asem kecut tenan, nyonyahku iki.
Ora mbala aku ning malah mblesegne. “Kok sliramu malah ngujuk-ujuki ngono kuwi
ta, Dhik?” isih gayaku sing jane asem kecut nggula legi iki.
“Kok kaya ra nate kerja lembur ae Iho, njenengan
ki? Wis ta dilakoni wae. Ana wayahe kerja kliwat, ana kalane kudu refreshing.
Suk emben lek wis dina Setu ta, Mas, gek malem Minggu nyang karaoken lek wis
fresh.”
Asem kecut tenan! Iki ngedhem-dhem apa nyemoni.
Apa Laras ngerti ya lek mengko bengi aku wis janjian karo Mas Jon arep karaoke
neng Brangtayudha? Kaya biyasane mung Mas Jon iki sing ngancani aku karaoke
kanthi sreg. Apa merga wis stel stereo apa pancen pinter njaga kertu rahasia
masing-masing? Dadi seiya-sekata.
Sidane aku wis ana njero lawang karaoke
Brangtayudha. Kawitane saruang dienggo karo Mas Jon. Suwe-suwe mbuh sapa sing
ngakon ndadak cewek loro sing akhire takruhi jenenge Erna Ian Citra, purel
Brangtayudha, mlebu sawise nothog lawang. Cewek sik remaja pantese yen
mahasiswi semester 8. Asem kecut tenan, bocah kok lek manis kaya ngono. Sijine
rambute sapundhak, klecam-klecem sajak piye nyawang aku. Gula legi tenan yen
sijine iki. Ayune dipek dhewe! Yen ngguyu dhekik pipine.
Asem kecut tenan, Mas Jon terus nggandheng
lengene Citra. “Mas, njenengan na kene ae karo Ema. Aku na ruwang sebelah,”
semantane sajak masrahne Erna ana ruwanganku.
Aku mung nyauri “Ya” ngono wae. iki krana kena
daya pangasihane Erna, sing kaya duwe daya sirep bisa nyeret naluri Ianangku
tumuju kekarepane. Erna sing duwe daya sihir kasil nyirep akal pikirku supaya
ambruk ing pangkone. Asem kecut tenan! Ganda parfume alon-alon ndayani
pamikirku supaya katut iline banyu kayungyun kalamun datan tinemu rasa
keduwung.
Ora rinasa anggonku nyanyi bareng Erna ngancik
tekan urutan lagu kaping 11, saka 4 album. Embuh saiki jam pira, Ian piye
kahanane ruwanganku sing lampune surem-surem diwangkara kingkin iki bisa ngajak
aku Ian Erna linak-lijo, Ian anak lali bojo. Ora ana kedadeyan sing porno.
Sumpahi!Asem kecut tenan, Erna jebul ora wani sembranan. Apa ngerti yen aku
pejabat? Ing ruwangan karaoke iki ora ana pejabat, angel mbedakne karo
penjahat. Sing ketara mung semat aliyas dhuwit.
Thoog...thog... !!
Thoogg...thogg...Thoogg!!
“Permisi... antar pesenan. . .“ suwarane cewek
saka njaba Iawang ing antarane instrumen lagu-lagu regge sing taksetel wektu
iki. Lagune John Marley “Klejingan Asyik, Klejingan.”
Tanpa mikir maneh, karepku mbukakne lawang. Aku
ngadeg saka kursi mendut-mendut. Durung nganti jumangkah wis dipenggak Erna.
“Kula mawon ingkang mbikak, Mas,” swarane Erna
sinambi mbalang liring nyang aku. Asem kecut tenan, iki gula legi. Kumudu-kudu
takremus ae cewek ayu iki!
“Permisi, kula tumut nggabung nyanyi pareng
nggih mbak?” kandhane wanita sing ora takpanglingi. Suwarane Larasati,
nyonyahku. Ing mburine ana Mbak Yuni Ian Bu Narti. Kabeh kanca kantorku.
Asem kecut tenan! Sumlengeren tenan aku! Aku
mung bisa ambruk, angIuh, Iungguh maneh ing kursiku sakawit. Klemun-klemun
sirahku. Kumonang panyawangku ambyar. Lambekku kaya digembok patang puluh
cacahe. Meneng, mingkem, cep klakep kaya jangkrik diplithis rodha sepur! Asem
kecuuut!!
“Tenang kemawon Bapak, kula namung nunut nyanyi
lagu niki kok,” kandhane Laras sajak kaya ora ngenali maneh aku iki bojone.
“Mari Mbak, lagu rege asyik. Duet yoookk..!!” Larasati sajak kepenak tanpa
beban apa-apa duet karo Erna. Erna iya katon enjoy wae. Asem kecut tenan!
“Sampun, Bapak, sampun. Kula wonten ruwang sebelah kemawon, Bapak.
Maturnuwun, njenengan lajengaken seneng-seneng berdua, Bapak,” kandhane
Larasati ngulungne mik terus nyalami aku Ian Erna. Asem kecut tenan!
Aku isih kamitenggengen nalika Larasati nutup
lawang ruwanganku karaoke sareh banget. Aku yakin neng njaba ruwangan iki
Larasati kanthi pangigit-igit nyekel gandhen apa palu alugara nggo ngepruk
sirahku apa dheplokan lombok abang saklemper nggo ngrawus raiku??? Mbuh, asem
kecut’ (Cuthel)
Sumber : http://kumpulan-cerkak.blogspot.co.id/2016/11/cerkak-bahasa-jawa-asem-kecut-tenan.html
0 komentar:
Posting Komentar