Selasa, 23 Mei 2017

TULADHANIPUN SESORAH

SESORAH TEMA HARI PENDIDIKAN NASIONAL


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Panjenenganipun bapak kepala sekolah SMA Negeri 1 Magelang ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati. Bapak ibu guru sarta karyawan pawiyatan SMA Negeri 1 Magelang ingkang pantes sinuba ing pakurmatan. Sumrambah dhumateng kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Keparing kawula matur dhumateng ngarsanipun para rawuh sedaya ingkang satuhu dahat kinurmatan. Langkung rumiyen mangga kula dherekaken ngaturaken puja puji pudyastuti dumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, karaharjan, dalah kasantosan, saengga wonten titi wekdal menika kita saged makempal lan manunggal wonten papan pasinaon punika kanthi wilujeng tanpa alangan satunggal menapa.

Salawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW, tumedhakipun dahateng garwa putra, para sohabat, sarta sedaya pendherekipun, mugi kalebetna kula panjenengan sedaya. Aamiin.

Ing salajenganipun wonten dinten pengetan hari pendidikan nasional menika, keparinga kula kanthi andap asor ing manah, badhe ngaturaken sekedhik kanthi irah-irah “hari pendikan nasional”.
Sagung para rawuh ingkang kinurmatan, tetembungan pendidikan nasional saestu sampun sawentawis dangu kita miringaken, wondene menggah ingkang werdinipun, inggih menika satunggaling tindak lampah kanthi raos lila lan legawa nindakake pasinaon wonten ing pawiyatan. Kados ingkang kula sakanca tindaki wonten wekdal menika ugi termasuk tindak pasinao kagem ngangsu kawruh lan ngilmu ingkang saged kula sedaya gayuh kanthi pasinaon kawiwit TK, SD, SMP, tumeka SMA ugi Perguruan Tinggi.

Kadhos pribasan jawa “ngelmu iku lakone kanthi laku” ingkang anggadahi makna bilih ngelmu menika saged kita gayuh kanthi tindakan nun injih kados pasinaon wonten pawiyatan utawi tindakan wonten panggenan liyan kadhos wonten lingkungan masyarakat.  Hari pendidikan nasional ingkang kita sedaya pengeti saben tanggal 2 mei menika saestu anggadahi sejarah lan tujuan ingkang sae tumrap kita sedaya. Hari pendidikan nasional ingkang kasingkat HARDIKNAS dados satunggaling momentum kagem kula sedaya supados langkung semangat anggenipun nuntut ngelmu.

Pendidikan nasional piyambak anggadahi tujuan kagem ngentasaken warga Indonesia saking kebodhoan ugi mujudtaken manungsa ingkang anggadahi iman lan taqwa datheng Tuhan Kang Maha Kuwaos. Pramila saking menika, wonten hari pendidikan nasional dinten menika 2 mei 2015 kula ngemutkan dumateng kula piyambak saha para kanca wonten pawiyatan SMA Negeri 1 Magelang supados langkung semangat anggenipun nuntut ngelmu sinaosa kanthi pangormabanan kawujud menapa kemawon.

Mugi kanthi nglampahi pendidikan nasional kita sedaya saget dadhos manungsa kang guna sae kagem pribadi kita utawa tumrap tiyang sepuh kekalih kita, sumrambah kagem agama, nusa lan bangsa.


Mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi saged dados panglimbang sarta paninting, tumuju dhateng kadewasan lair lan batos kita sedaya. Aamiin.

Wonten kasar sarta lepating atur kula namung tansah nuwun lumunturing samodra pangaksama.

Wa bilahit taufiq wal hidayah.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Sumber : http://www.sesorah.com/2015/04/pidato-bahasa-jawa-pendidikan-nasional.html

0 komentar:

Posting Komentar