KAWRUH SESORAH
Sesorah utawi pidhato, ugi sinebat medhar sabda inggih menika nglairaken gagasan, pemanggih, utawi osiking manah sarana lesan ing sangajenging tiyang kathah.
· JinisingSesorah
1. Sesorah kanthi cara (model) Apalan
Sesorah cara menika saderengipun sampun damel seratan sesorah lajeng dipunapalaken tembung ngantos ukaranipun presis kaliyan cathetan.
2. Sesorah kanthi cara (model) Naskah utawi Teks
Sesorah cara naskah utawi teks, menika juru pamedhar sabda saestu bekta naskah, teks utawi cathetan pidhato lajeng dipunwaos sawetahipun, boten dipunapalaken.
3. Sesorah kanthi cara (model) Dadakan utawi Impromtu
Sesorah cara dadakan, menika pidhato boten kanyana-nyana saderengipun menawi badhe dipunaturi sesorah utawi ndadak ing adicara menika lajeng dipunaturi sesorah.
4. Sesorah kanthi cara (model) Eksemporan
Sesorah cara menika kanthi cara juru pamedhar sabda ngasta utawi damel cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipun ngendikakaken.
· RantamaningSesorah
1. Salam Pambuka
2. Purwaka inggih menika ngunjukaken puja-puji marang ngarsanipun Gusti saha atur panuwun marang para rawuh sarta ingkang mbiyantu lampahing adicara
3. Surasaning basa/isi/wos sesorah, inggih menika uderaning bab ingkang dipunwedharaken
4. Dudutan (simpulan) inggih menika inti sarining wedharan pangajeng-ajeng inggih menika bab-bab dipunkajengaken dening ingkang nindakaken sesorah dhumateng ingkang mireng
5. Wasana inggih menika atur panuwun saha atur nyuwun pangaksami anggenipun nindakaken jejibahan
· Supados Sesorah Nengsemaken, kedah ngatosaken :
1. Busana (Ageman)
2. Subasita (Trapsila, Tata Krami)
3. Swara (Vokal, Basa Populer)
4. Basa Tuwin Sastra
· Perkawis-perkawis ingkang kedah dipungatosaken :
1. Jumeneng kanthi sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar metawis kalih jobin, Percaya diri
2. Asta ngapurancang, sarira radi jejeg, janggut katarik, namung sampun katingal kaku
3. Polatan katingal sumeh, namung mboten katingal kadamel-damel
4. Mriksani dhumateng para pamirsa kanthi trapsila
5. Pengalih dipunserehaken, supados suwanten mboten kepireng ndredeg
6. Wiramaning wicara ingkang cetha sarta kajumbuhaken kaliyan kawontenan
7. Suwanten mboten perlu sora, ingkang cekapan ananging wijang
8. Ngagem bada ingkang alus, ananging mboten perlu basa ingkang muluk-muluk, supados gampil dipunsuraos dening ingkang midhangetaken
9. Pangandikan mboten perlu muter-muter, ingkang cekak, ananging saged nyakup punapa-punapa ingkang badhe dipunkajengaken
Sumber : KAWURYAN KANGGE KELAS XI SMA/MA/SMK
2 komentar:
Ffxiv Titanium Nugget | Titanium Art, Design, T-Shirts
Ffxiv titanium pan Titanium Nugget · Titsanium Art · Titsanium Art · Titsanium Art · Titsanium Art titanium dental · microtouch titanium trim walmart Titsanium Art · head titanium ti s6 Titsanium Art ford transit connect titanium · Titsanium Art · Titsanium Art · Titsanium Art · Titsanium Art · Titsanium Art · Titsanium Art
a261p7gwrzl312 vibrating dildos,anal toys,horse dildo,penis sleeves,fantasy toys,male sexy toys,vibrators,prostate massagers,Clitoral Vibrators i167w3cfypt042
Posting Komentar